Friday, 24 April 2015

CERPEN JAWA BANYUMASAN : BAKUL WEDHUS

Bakul Wedhus

Duke karo Mame

Mbreng…. mbreng…., suara mobil coake mame mbedah esuk sing esih sepi. Gawe kaget bae wong sekitare sing esih krodong sarung. Jam 5 esuk dina setu wayahe mame karo aku adol wedus neng Pasar Sokaraja. “Duke,,, duk, ayuh mangkat” suarane mame mblosnong maring kupingku. Aku langsung njimprak kang kasur nuju maring suarane mame. “iya kang, mayuh”. Aku karo mame langsung mangkat maring pasar.

On my way, Mame takon maring aku,
 “duk, kepriwe tanggapanmu maring pemimpin saiki sing gawe gulu wong cilik mengkerut ora teyeng mbaor? Koe kan cah sekolah, mesti pikirane mandan gamblang” ora ana angina ora ana apa, aku langsung cekakakan “tumben tumbene rika mikiri kaya kuwe, arep dadi mentri peternakan? hahaha” “Ndasmu !!!, wong SD be ora tamat kon mikiri wong senegri” jawabane mame ngegas.
Mame banjur nglanjutna critane,
mame : kaya kiye duk, bocah paling ganteng ng pasar kewan. Aku kawit ngingu wedus batine ora sepira, kawit jamane metu sekolah tekan seprene nggo mangan anak bojo kadang ora nyukup. Sebabe, wong sing cokane goleti wedus kue kaya asu, bajingan !. Gole tuku murah neng kandang didol meh separone, mbok kaya asu kencoten?, terus sing nggal dina ngarit ng swah panasan kudanen, nganti puyeng mbok langka suket, batine ora sepira. Sing ngingu wulanan karo sing kerja sedina, batine akeh sing kerja sedina, mbok ora adil? Mulane siki aku adol dewek, bati bati nggo dwek.
aku : oohh, kaya kuwe? Terus aku kon ngapa?
mame : Ohh tai ngasu, koe !, genah genah koe sing sekolah, sing Mandan ngerti masalah wong nduwur koh.
aku : ya kaya kiye kang, genah system utawa aturane ng Indonesia kaya ciwel, lembek!!, wis ngerti dewek mbok? Ya kaya miki rika crita, sing ngode taunan karo sedina gajine gede sing sedina, kecuali kerja njunjung gunung lha patut, wong mung adar eder nawakna dagangan tok, karo cocote sing ndawa, lanyap kaya bebek gajihe lewih gede. Ibarate system tata dagang sing ora karuan amburadul kaya rupane rika.
mame: Allahhh, kaya ganteng gantengaa.., ngaca kuwe karo watu akik !, oh dadi sing amburadul kuwe system tata dagange?
aku : kurang lewih kaya kuwe kang, urusane wong duwur karo wong ngisor kuwe sebenare langka dalan, dalane ditutupi karo wong sing ngelegi duit mentah mentah, arep ngurus kprwe, urung tekan tempate wis dijejeli duit” penjelasane aku
mame : Apa doyan ngeleg duit? Wong ciwel be kayane ra doyan?” Gobloge kang mame metu. Aku : Mulane mangan bangku sekolah, ditamat sekolahe kang, maksude kuwe korupsi kang!?
Mame : Ya aja ngegas, iyaya,,genah aku lagi sekolah maring ko sing wis mangan bangku nganti sewidak
Aku : congor congor wong desa pancen munine ya kaya kuwe, iya arep takon apa maning kang?
mame : kaya ko uripe wong ndesa ngarani aku kaya kuwe, lha kuwe sing jenenge korupsi deneng sering temen metu ng tifi?
Aku: iya memang sering kuwe, tapi mun metu tok. Ukumane ora metu, anu disumpel duit si.
Mame: jan jane ya korupsi kuwe kudu degorok gulune ya duk? Mangani duit wong cilik, ibarate wong cilik ya kaya sandal jepit “sing cilik ditekek, sing ng ngisor didek”, ya ora?
aku: waduhh, rika sinau ng ndi kuwe, nggoli ngibaratake cocok karo topike?
mame: lah sinau ming panjenenang mas duke, tapi ya jujur asline nyong anu pinter tapi anu dong dongan, kaya gurune.
Let suwe goli kandah banjur wis tekan pasar kewan sokaraja. Aku karo mame golet panggonan sing nggo adol wedus.
Bersambung……..


Note : Cerita “Bakul Wedus: duke dan mame” ini akan terbit setiap jum’at malam. Terima kasih Salam ngapak raya !!!

0 komentar:

Post a Comment