Saben esuk ninine rawat latar nganti bersih, wis kaya taman kota bersihe. Banjur wayah sore latare ninine wis kaya TPA gunung tugel, latare merah meruh. Ninine munggah darah, saben ana bocah liwat domaih kaya wong ora waras.
Wektu kuwe pas ninine lagi menggeni, ujug ujug mbuh gedumbreng neng pager sentonge ninine sing mung dialing alingi seng. Ninine sing lagi menggeni njimprak kaya bancet kawin karo ngomong "gusti pangapura, sapa kiye sing gawe kaget, kaya asu !". Asune metu kang cangkeme ninine nganti tangga teparo pada krungu.
"Allahhh, gusti untung jantungku ora copot" ngresulane ninine. Ninine sing lagi alon alon nyebut krungu cekikikane bocah. Ninine ngerti bahwa cekikikane bocah kuwe sing gawe kaget. Ninine sing wis medegel banjur nyeneng blukang metu sekang pedangan utawa sentong.
"woy, koe bocah apa anak mbelis !! wong lagi enak enak menggeni dikageti, anake sapa jane!" medegele ninie karo nyincing jarit. Bocah sing weruh ninine nggawa blukang banjur pada pecicilan mlayu kaya celeng.
Ninine sing esih medegel mlebu pedhangan maning, nerusna menggeni. Ora nyana, para sing isi suluh kebakar. Apese ninine wis lagi medegel ditambah para kebakar gara pawone ora ditungguni dadi mlagar gara gara ngurusi bocah edan.
"Tulung,,, tulung,,, pedhanganku kebakaran,tulung kiye gusti........ !!" suarane ninine nyaingi toa langgar, serune poll.
Bersambung...
0 komentar:
Post a Comment